KIRIM DONGA

06 Maret 2024 14:14:52 WIB

Senin Kliwon 4 Maret 2024, wewengkon Kalurahan Baleharjo dipun wontenaken kenduri kirim donga kangge miwiti roncening tradisi rasul (bersih desa) tahun 2024 Kanthi pangajab rasul ing samangke lumampah kanthi rancag nir ing sambikolo, masyarakat ugi tansah pinaringan ayom, ayem, tentrem, lan tansah binerkahan dening Gusti ingkang Maha Asih.
Kenduri dipun dongani dening panjenenganipun Bapak Mujiyanto ingkang kaleres satunggiling tokoh masyarakat ing Kalurahan Baleharjo.
Adicoro meniko dipun rawuhi dening Panewu Anom Wonosari, Babinsa/Babinkamtibmas, Lurah soho Pamong , ugi sedoyo lembaga Kalurahan Baleharjo.
Wondene rasul tahun 2024 ing samangke dumawah wonten ing dinten Senin Kliwon 13 Mei 2024, ingkang pinongko panitia rasul ing samangke inggih meniko Padukuhan Purwosari.
(iput)

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar