RINGGIT PURWO SEDALU NATAS

04 Juli 2023 07:25:39 WIB

Pagelaran ringgit purwo wonten ing dalu meniko minongko pungkasaning adicoro rasulan Baleharjo.
Ringgit purwo kanthi irah irahan "SESAJI ROJOSUYO" ingkang dipun beber dalang Ki Gilang Kumoro Jati, mapan wonten balai kalurahan Baleharjo nganthi bintang tamu Mimin lan Apri, lan ugi karawuhan tamu saking forkompinca, bapak Bambang Setyo Martono (kaleres anggota DPRD DIY).
Wonten ing pangandikan bapak Agus Sulistyo ingkang kaleres Lurah Baleharjo, dipun ngendikaaken bilih reroncening adicoro meniko minonggo nglestantunaken budoyo lan sarono ngucap syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang moho Kuwoso.
Mugi kanthi ngusung tema SENGKUT GUMREGUT, ndadosno sedoyo kalangan masyarakat tansaho saiyeg saeko kapti anggenipun mbangun deso murih mujudaken kalurahan ingkang guyub, rukun, maju, makmur, tuwin tansah nggesangaken iman kapitadosan dumateng Gusti.
Panitia bersih deso utawi rasulan ing tahun meniko dipun sepuhi panjenenganipun Ag. Sutrisno ingkang disengkuyung perwakilan saking lembaga kalurahan lan masyarakat.(iput)

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar